dagang

Terbaru Teks Pembawa Acara / MC Perkumpulan RT Bahasa Jawa

 TINTA PENA KARANG TARUNA - Hay, selamat datang Sobat remaja dan pengunjung pada umumnya. Kembali lagi pada artikel kali ini, admin Ingin memberikan contoh terbaru dari teks pembawa acara. Teks kali ini disampaikan dalam bahasa Jawa yang sederhana. Bisa digunakan dalam kegiatan acara rapat RT. 

Teks MC Bahasa Jawa


Dalam teks pembawa acaranya dalam bahasa Jawa kali ini, teks teks pembawa acara disusun secara lengkap. Namun, apabila tidak sesuai dengan kebiasaan pada lingkungan Sobat bisa disesuaikan. 

Baca juga:

Okay, langsung saja ini contohnya: 

Oh, iya mungkin dalam kalimat dan pengucapan pada tulisan Teks Pembawa Acara ini agak sedikit berbeda dengan logat masing-masing daerah jawa Sobat. Mungkin bisa sedikit diperbaiki atau, juga bisa di kritik dalam kolom komentar dibawah. 

________

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirobbil ‘alamin, Wabihinastain, wa ala umurriddunya waddin, Wassholatu Wassalamu ala anbiya’i wal mursalin, wa ala alihi washohbihi aj main., Amma ba’du.

Dumateng bpk.... Dalah sak kluargo ingkang kulo hormati, matursuwu sampun maringi papan palenggahan ing ndalu meniko,,

Dumateng bpk.... Selaku ketua RT 4 ingkang kulo hormati, 

Dumateng bpk/ibu, ingkang kulo hormati,,

Mboten kesupen, poro rencang anem karang taruna RT 4 ingkang kulo ternani lan bangga aken,

Sepindah, monggo kito sami sareng-sareng nglaeraken syukur ing Ngarso Dalem Allah SWT, bileh kito sedoyo tansah pinaringan kanugrahan arupi Nikmat Islam soho Iman, ugi kito tansah pinaringan nikmat Jasmani, arupi sehat wal afiat, sehinggo ndalu puniko kito sami saget mlempak, kaleresan ing ndalu puniko wonten dalemipun bpk……………….. kanti mboten wonten halangan setunggal punopo.

Kaping kalehipun, sholawat serto salam ugi tansah kito nglaeraken ing Ngarso Junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, Nabi ingkang kito derekaken sedoyo tindak lampahipun, Nabi ingkang angrubah zaman jahiliyah ngantos jaman Islamiyah. Mugi-mugi kanti sholawat ingkang kito waos, mbenjeng ing Yaumil akhir kito lan keluargo kito pinaringan Syafa’at tipun amin Allahuma amin.

Dumateng sedoyo ingkang kulo hormati,

Keparing ing mriki kulo selaku Pranoto acoro, bade maosaken susunan Acoro ing ndalu puniko :

Sepindah, pambuko.

Kaping kaleh waosan dzikir tahlil

Kaping tigo, Sambutan-sambutan.

Kaping sekawan, istirahat

Kaping gangsal musyawarah 

Kaping enem panutup.

Baca juga: 

Monggo sareng-sareng, ing acoro sepindah puniko kito buka kanti waosan umul kitab, “alfatihah”,

 mugi-mugi acoro ndalu puniko mlampah kanti sae mboten wonten alangan setunggal punopo".

Acoro kaping kaleh waosan dzikir tahlil,

ingkang di pun imami kalihan bpk.....

Dumateng bpk...., Wekdal Soho panggenan kulo sumanggaaken

Dumateng bpk...., Kulo aturaken matur suwun,,

Acoro kaping tigo inggih puniko sambutan.

Sambutan sepindah saking tuan rumah, ingkang dipun sampe aken dumateng bpk…………….,, wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Dumateng bpk…………..,, kulo aturaken maturnuwun.

Sambutan kaping kaleh saking Ketua RT 4, ingkang dipun aturaken dumateng bpk…………..,, wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Dumateng bpk………….,, kulo aturaken maturnuwun.

Sambutan kaping tigo, sangking bendahara, ingkang dipun aturaken bpk....,, Wekdal Soho panggena kulo sumanggaaken,

Dumateng bpk, .... Kulo aturaken matur suwun

Acoro kaping sekawan nun inggih istirahat

Kangker acoro

istirahat kito pungkasi sak monten,

Acoro sak lajengipun, utawi

Acoro kaping gangsal musyawarah, ingkang dipun pimpin Dumateng bpk………..,, wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Dumateng bpk .....,, kulo aturaken maturnuwun.

Acoro selajengipun inggih puniko penutup, ananging sakderengipun acoro puniko kito tutup Kulo selaku pranoto acoro nyuwun pangapunten ingkang katah, mbok bileh wonten salah kata anggen kulo matur, wiwit awal ngantos akhir. Lan monggo acoro puniko kito pungkasi kanti waosan hamdallah, “ALHAMDULILLAHIROBBIL’ALAMIN”.

Wabillahit Taufiq wal Hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

_____________________________

Terimakasih, atas kunjungan Sobat remaja, serta seluruh pmebaca. Maaf bila da salah tulis dalam artikel kali. Semoga Sobat selalu dalam kebaikan. 

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarokatuh.

See you next time have a nice day Thanks.

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Terbaru Teks Pembawa Acara / MC Perkumpulan RT Bahasa Jawa"

Post a Comment