dagang

Contoh Teks Pembawa Acara Pengajian dalam Bahasa Jawa

 TINTA PENA KARANG TARUNA - Hay Gaes selamat datang kembali di blog ini. Semoga kalian selalu diberikan kesehatan dan dimudahkan segala urusan. Amin. Pada artikel kali ini admin ingin memberikan contoh teks pembawa acara atau MC untuk acara pengajian dan dalam bahasa Jawa.


Susunan acara dalam pembawa acara pengajian sebenarnya cukup simpel dan hampir sama dengan pembawa acara lainnya. Okay langsung saja ini contohnya. 

Baca juga:

Susunan Pembawa Bahasa Jawa Pengajian Akbar Dalam Rangkan Menyembut Bulan Suci Romadhan 

______

Assalaamu’alaikum Wr.Wb


Ingkang kinabekten panjenegan ipun Ustadz. Makruf Amin. Ingkang kito tenggo-tenggo, sabdo panutur ipum.

Ingkang kinabekten panjenegan ipun Ibu Kepala Desa Rantau Jaya, Ibu Indi Astuti. SE.

Ingkang kinabekten ketua Takmir Masjid At-Taufiq, KH. Abdurahman Saleh.


Ingkang kula hormati Ketua Remaja Masjid At-Taufiq Desa Rantau Jaya, soho poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.


Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito katah pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki, kangge mengeti pengaosan ing dalu puniko. Alhamdulillah, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.


Sholawat soho salam mugi-migi tansah kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto damar umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah. Engkang kito sedoyo raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah. Amin.


Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken rantamaning susunan acoro wonten dalu puniko:


Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko

Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an. Ingkang bade dipun waosake Bapak Zaenal Abidin.

Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan. 

Sambutan kaping satunggal. Sambutan saking ketua panitia utawi ketua takmir Masjid. Romo KH. Abdurahman Saleh.

Sambutan kaping kalih saking Ibu kepala Desa Rantau Jaya. Ibu Ibu Indi Astuti. SE.

Dilajengakem Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah kalian dilajeng Do’a saking Al-Ustadz. Makruf Amin.

Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup


Mboten kesuen monggo.

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.


Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining Bapak Zaenal Abidin. Wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.


Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan: 

Sambutan ingkang kaping setunggal sambutan saking ketua panitia utawi ketua takmir Masjid. Romo KH. Abdurahman Saleh. Dumateng panjenenganipun wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.


Sambutan ingkang kaping kalih dambutan kaping kalih saking Ibu kepala Desa Rantau Jaya. Ibu Indi Astuti. SE., dumateng panjenenganipun Ibu Indri Astuti. SE. wedal soho panggenan kulo sumanggaaken. 


Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Al-Ustadz. Makruf Amin. Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.


Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah sesarengan.


Mekaten susunan adicoro. saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.


Wassalamualaikum Wr.Wb

_______

Baca juga:

Demikian Contoh Teks / Naskah untuk MC atau Pembawa Acara Pengajian dalam Bahasa Jawa yang simpel namun padat. Materi ini saya posting sebagai pembanding dari sekin banyak teks pembawa acara bahasa jawa, terkhusus acara pengajian. 


Semoga bermanfaat. Terimakasih.


Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Contoh Teks Pembawa Acara Pengajian dalam Bahasa Jawa"

Post a Comment