dagang

Teks Pembawa Acara / MC Rapat Karang Taruna - Dalam Bahasa Jawa

Hay Guys, berikut contoh teks pembawa acara rapat Karang Taruna dalam bahasa Jawa. Semoga bermanfaat dan membantu kaum milenia terkhusus orang Jawa Tengah, yang sudah mulai tergerus oleh zaman.
Teks MC Bahasa Jawa
______

Assalamu’alaikum wr.wb.

ALHAMDU LILLAAHI RABBIL ‘AALAMIIN, WA BIHI NASTA ‘IINU ‘ALAA UMUURID DUN-YAA WAD DIIN, WASH SHALAATU WASSALAAMU ‘ALAA ASYRAFIL AN BIYAA-I WAL MURSALIIN, SAYYIDINAA WA MAULAANAA MUHAMMADIN WA ‘ALAA AALIHII WA SHAHBIHI AJMA ‘IIN, AMMAA BA’DU.

Kawula nuwun.  Ingkang kinurmatan, Mas Muhammad Sodiqin, Mbah Kasri kalian Ibuk, sekalian keluarga selaku tuan rumah kempalan Karang Taruna Dusun Klego, Ingkang kinurmatan. Poro rawuh Kakung sumowono Putri, ikang kanurmatan ugi. Para kadang Muda Werdo, ingkang kaula trisnani. 

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani, sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya, dalasan kula saged hangrawuhi kempalan rutin Musyawarah utawi rapat rutin Karang Taruna Dusun Klego punika. Monggo kita sareng-sareng maos, bi khoulina ... Allhamdulilahi Robil alamin.

Kaping kalihipun, salawat salam mugi tansah dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, mangga kita haturaken shalawat, ( Allahumma shalli wa sallim ‘ala Muhammad wa ‘ala ali Muhammad). Mugi-mugi kanhti Salawat punika kita sedaya keparing safaat benjang ing yaumil kiamah. Amin Allahuma ... Amin.

 Para kadang Muda Werdo, ingkang kaula trisnani. Kaula ingkang jinejer pinangka pranata cara, keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara.

1. Sapindah pambuka.
2. Kalajengaken adhi cara kaping kalih, tanggap wacana.
     1. Tanggap wacana kaping pisan, saking Kang Mas Muhammad Sodiqin, selaku tuan rumah.
     2. Kaping kalih ipun Kang Mas Muhammad Muhaimin, selaku ketua Karang Taruna.
     3. Kalajengaken tanggap wacana ingkang nomor tiga, saking Kang Mas Rudi Hartono selaku bendahara Karang Taruna Dusun Klego.
3. Tuwin adhi cara ingkang nomor tigo punika, istirahat. 
4. Kaping  sekawan ipun musyawarah rembuk, ingkang badhe dipun moderatori kalian Kang Mas Raditya Dika.
5. Adhi cara nomor gangsal, inggih punika penutup. Ingkang bahde dipun doai kalian Kang Mas Muhammad Rizky
_______
Sumangga ing adicara Musyawarah utawi Rapat rutin Karang Taruna Dusun Klego punika, kawiwitan kanthi maos Basmalah ... Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah, sahengga lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.

Maaf Gays, karena terlalu banyak saya bagi menjadi dua bagian yang pertama di atas adalah bagian utama atau inti dan kedua bagian dari jalanya acara. Semoga contoh teks pembawa acara rapat Karang Taruna dalam bahasa Jawa ini membantu teman-taman terimakasih. 

Untuk bagian kedua dari contoh teks pembawa acara rapat Karang Taruna dalam basa Jawa bisa di lihat di menu pada TINTA PENA ini.


Kunjungi Channel YouTube Admin> Muha Moch jangan lupa SUBSCRIB ya.

Terimakasih, semoga bermanfaat

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Teks Pembawa Acara / MC Rapat Karang Taruna - Dalam Bahasa Jawa"

Post a Comment